Tembang Gambuh (Paugeran, Watak, Cakepan, Arti Tembung lan Pitutur Saka Tembung) Lengkap

Tembang Gambuh (Paugeran, Cakepan, Arti Tembung lan Pitutur Saka Tembung) Lengkap - kali ini saya share tentang materi bahasa jawa yaitu Tembang Gambuh (Paugeran, Watak, Cakepan, Arti Tembung lan Pitutur Saka Tembung) Lengkap


TEMBANG GAMBUH
 
Tembang Gambuh (Paugeran, Watak, Cakepan, Arti Tembung lan Pitutur Saka Tembung) Lengkap
            Tembang gambuh termasuk 11 tembang macapat kang nggadahi arti jumbuh, cocok, trep.
Paugerane tembang gambuh :
-          Guru gatra : 5 gatra
-          Guru wilangan : 7, 10 , 12 ,8, 8
-          Guru lagu : u,u,I,u,o
-          Watak : grapyak sumanak

Tuladha cakepan tembang macapat gambuh lan pitutur luhur kang dikandung saking cakepan lan saged di relevansi ing zaman saiki.
CAKEPAN 1 (sumber wulangreh)
Si kidang ambegipun
Angendelken kebat lumpatipun
Pan si gajah ngandelaken geng a inggil
Ula ngandelaken iku
Mandine kalamun nyokot
Tegese Tembung :
Ambegipun = kebanggaan
Kebat = cepat
Pan = sedangkan
Geng = gedhe, ageng
Pitutur saka tembang :
-          Manungsa nduwe bakat utawa kapinteran kang beda beda antarane siji lan liyane. Manungsa bisa pinunjul manut nugrahaning Gusti kang akarya jagad. Bakat utawa kapinteran iku mau mung kersane sing nggawe urip.
-          Manungsa aja duwe sikep kang asipat kumalungkung (sombong), yaiku manungsa sabisa bisa aja adigang (kaya kidang ngendelake mlayune banter), adigung (gajah ngandelake gedhe lan duwur ragane), adiguna (kaya ula amarga yen nyokot ngetokake wisa/racun). Manungsa kang nduwe kahanan luwih sebisane aja sombong, aja ngandelake pangkat, drajat dhuwur, aja dumeh sugih, aja dumeh pinter njur sawenang wenang karo wong liya.

CAKEPAN 2 (sumber wulangreh)
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadalu warsa katutuh
Kapatuh pandadi awon
Tegese tembung =
-          ping catur = cerita yang keempat
-          cinatur = sing dicrita
-          polah = perilaku
-          kalantur = terlanjur
-          tutur = nasihat
-          katula tula katali = dilakukan berulang kali
-          kadalu warsa katutuh = terlambat diluruskan/dibetulkan
-          kapatuh = jadilah
-          pandadi awon = penyebab kejelekan
pitutur saka tembang
-          nuturi marang wong saiki yen tumindak kuwi aja nglantur – nglantur.

CAKEPAN 3 (sumber wedhatama)
Samengko ingsun tutur,
Sembah catur : supaya lumuntur,
Dihin : raga, cipta, jiwa, rasa, kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahaning Manon
Tegese tembung =
-          samengko = sekarang
-          ingsun = aku/saya
-          tutur = nasihati
-          sembah catur = ada 4 jinis ngibadah
-          lumuntur = ikutilah
-          dihin = meliputi
-          sembah raga = nyembah secara jasmani
-          cipta = pikir
-          rasa = perasaan
-          kaki = ngger anaku
-          lamun = jika
-          tinemu = bisa ketemu
-          nugrahaning = anugrah
-          manon = Tuhan
Pitutur Saka tembang
-          nuturi marang wong saiki yen sembahyang ngadhep Gusti netepi sembah 4 cara yaiku :
a.      sembah raga tegese sembahyang kudu netepi tata carane dhewe-dhewe. Aturan ajaran kudu dinut lan ditindakake.
b.      Sembah rasa tegese perasaane wong sembahyang kudu siji rasane ya lagi madhep Gusti Allah Tuhan kuwasa alam. Perasaan narima pasra nalika sembahyang kudu di budidaya
c.      Sembah pikir utawa cipta. Tegese nalika sembahyang aja mikir liya. Dadi eling siji thok yaiku marang Gusti Allah Maha Esa
d.      Sembah jiwa tegese jiwamu utawa ruhmu kuwi diadhepake sing nggawe ruh yaiku Gusti Allah.
Cakepan 4 (sumber wedhatama)
Nanging ta paksa tutur
Rehning tuwa tuwase mung catur
Bok lumantur lantaraning reh utami
Sing sapa temen tinemu
Nugraha geming kaprabon
Tegese Tembung
Paksa tutur = terpaksa memberi nasihat
Rehning = kemampuannya
Tuwase = kecakapannya
Mung = hanya
Catur = nasihat
Bok = menawa
Lantaraning = menghantarkan ke
Reh utami = laku utama luhur
Temen = tekun
Tinemu = tercapai
Nugraha = anugrah
Geming kaprabon= kedudukan sebagai raja

Pitutur Saka Tembung
-          Ngelingake marang anak yen wong tuwa biasane lan kabisane mung menehi tutur. Tutur utawa nasihat kuwi bisa dadi lantaran tumuju marang tumindak luhur. Sing sapa wae gelem tekun, mula kanugrahan bisa kagayuh.
Cakepan 5
Yen wus kambah kadyeku
Sarat sareh saniskareng laku
Kalakone saka eneng, ening, eling
Ilanging rasa tumlawung
Kono adile Hyang Manon
Tegese Tembung
Kambah = mencapai
Kadyeku = seperti aku (Mangkunegara IV)
Sarat = syarat
Sareh = sabar
Saniskareng = segala
Laku = tingkah laku
Eneng = ketenangan
Ening = kesucian hati
Eling = ingat
Tumlawung = ragu-ragu
Kono = itulah
Adile = kuasa
Hyang Manon = Tuhan

Pitutur Saka Tembung
-          Nuturake marang tiyang supaya bisa tumindhak kanthi sabar, tenang, dipikir dhisik, aja grusa grusu.
-          Kesucian lan kebeningan pikiran penting banget nalika ngadhepi maneka masalah lan nalika ngibadah. Tansah eling marang Gusti Allah, nguwatake keimanan tegese ora ragu ragu.
Cakepan 6 (sumber wedhatama)
Gagare ngunggar kayun
Tan kayangyun mring ayuning kayun
Bangsa anggit yen ginigit nora dadi
Marma den awas den emut, mring
Pamurunging lelakon
Tegese Tembung
Gagare = mati alon alon
Ngunggar = membiarkan
Kayun = nafsu
Tan = tidak
Kayungyun = tergiur
Mring =  oleh
Ayuning = indahnya
Bangsa = dalam hal
Anggit = olah cipta
Yen ginigit = kalau dimakan mentah
Nora dadi = tidak jadi
Marma = oleh karena itu
Den = agar
Awas = waspada
Emut = eling
Mring = pada
Pamurunging = pengganggu utawa penyebab gagal
Lelakon = perilaku
Pitutur Saka Tembung
-          Yen kepingin mateni hawa nepsu angkara mula aja gampang kagodha marang hawa napsu sing katon endhah ngawe awe. Aja mung prasaja anggone ngadhepi hawa nepsu, nanging kudu tansah eling lan waspada marang samubarang kang dadi pengganggu nggayuh budi pekerti luhur.
Cakepan 7 (sumber wedhatama)
Ruktine ngangkah ngukut
Ngiket ngrukut triloka kakukut
Jagad agung gimulung lan jagad cilik
Den kandel kumandel kulup
Mring kelaping alam kono
Tegese Tembung
Ruktine = langkah langkah
Ngangkah = berusaha, bertekad
Ngukut = mengambil
Ngiket = mengikat
Ngrukut = kuat kuat, rapat rapat
Triloka = tiga tempat
Jagad agung = alam semesta
Gimulung = dikuasai
Jagad cilik = jiwanya manusia
Den = agar
Kandel kumandel = semakin tebal
Kulup = anakku
Mring = terhadap
Kelaping = isine/ cahayane
Alam kono = alam itu
Pitutur Saka Tembang
-           
Cakepan 8 (sumber wedhatama)
Wong seger badanipun
Otot daging kulit balung sungsum
Tumrahing rah memarah antenging ati
Antenging ati manungku
Angruwat ruweting batos
Tegese Tembung
Tumrah ing = berada di
Rah = darah
Memarah = yang menuju
Antenging = tenangnya
Nunungku = membantu
Angruwat = menghilangkan
Ruwetinng = kalutnya
‘batos = batin
Pitutur Saka Tembung


sekian materi pembahasan tentangg Tembang Gambuh (Paugeran, Watak, Cakepan, Arti Tembung lan Pitutur Saka Tembung) Lengkap. semoga bermanfaat.


Post a Comment for "Tembang Gambuh (Paugeran, Watak, Cakepan, Arti Tembung lan Pitutur Saka Tembung) Lengkap"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel